area nongkrong para jomblo dan pemalas akut yang berusaha di akui dunia...

Entri yang Diunggulkan

arti di balik penolakan cewek saat di tembak

Arti Dibalik Penolakan Cewek Saat Di Tembak Salah satu hal yang membuat laki-laki merasa menjadi makhluk rendahan dan tidak...

Kamis, 19 Januari 2017

WONG TEGAL NGRANTAU

tegal pancen laka-laka

               Apa kabar kye kanca batir kabeh, semoga tah apik-apik bae, khususe nggo wong tegal kye sing lagi pada ngrantau. Wis gadi takdire wong urip mesti kudu ngasab luruh duit nggo sangu urip, senajan neng tegal wis akeh pegawean tapi ya kaya sing sampean-sampean pada ngerti kerja neng tegal bayarane piraha ora, paling kena nggo mangan karo nggo tuku bensin sukur-sukur ri ana luwihan kena nggo tuku udud, tapi sebenere kerja neng tegal angger telaten asline bisa nyukupi kebutuhan urip, tapi sing arane menungsa kwe neng endi bae memang angel nggo bersukur, di nain bodin pengine roti di nain roti pengine duit, memang dasare menungsa ya. Balik maning masalah kerjaan, krungu-krungu UMR Tegal jare wis lumayan gede wis nduwure 1 juta, tapi tetep senajan gaji neng tegal wis semono ya wong-wonge pengine pada ngrantau, ngrantau-ne maring endi-endi ora, ngalor ngidul ngetan ngulon, tapi ora mengisor karo menduwur ya angel yen di pikir. 
             Tujuan rantauane biasane pada ngulon sebangsa jakarta lan sakitare (arab kadohen), sing tujuane mengetan ya akeh kaya semarang, surabaya lan lia-liane, wong-wong ndesa biasane ngomong wong rantauan nyebute jakartanan senajan kerja neng semarang ya tetep nyebute jakartanan. balik maning maring alesane ngrantau, ya kaya sing sampean wis pada ngerti karena golet sng bayarane gede, tapi selain masalah bayaran juga karena kesempatan kerja luwih akeh (jarene), kwe nggo sebangsa wong sing ngincere kerja neng pabrik, sing kerjane udu neng pabrik kepimen? biasane ari ora gadi buruh pabrik ya dagangan, biasane tah panganan, contone nasgor, pecel, gorengan lan lia-liane. Sampean kudu bangga gadi wong tegal karena dewek duwe restoran sing wis kesebar neng seluruh indonesia, sing arane apa yah? ya bener warteg lur, saiki neng endi bae sampean ngelih wis akeh warteg nlektek neng endi-endi ora.

restoran paporit


                 Saiki wong tegal wis ora aneh ketemu sedulur tegal neng rantauan, neng endi bae ana wong tegal sing rai model gagah kaya artis nyampe sing crumut tur busiken kaya silite panci, wis kudune dewek sing seduluran kudu jaga silaturrohim saling dukung lan ndongakna ari bisa saling bantu mbokan sedulure ana sing kentekan duit silihi pira-mbuh pira. 
            Sejen sing kaya di pikirna wong-wong neng kampung jarene wong rantauan uripe seneng padahal kenyataane neng kene ya pada bae ngasab akeh rekasane, tapi ya ora masalah neng rantauan rekasa sing penting wong tua lan sedulur-sedulur neng kampung seneng. Ana cerita, kancane aku lagi ora duit balik kampung karena ana acara keluarga, neng ngumah pada ngarep-ngarep pecingan akhire deweke ngumah mung kukuban sarung apen-apen mriang men ora jaluki pecingan. 
             Wis sewajare menungsa urip ana kepenak ana orane, tapi sing namane wong urip neng perantauan senajan uripe wis kecukupan tapi masih tetep ana sing kurang, kutange eh kurange karna senenge masih neng tanahe/kotane wong lia tur karena ora bisa langsung ngrasakna seneng karo sedulur-sedulur neng kampung, ana peribahasa sing monine "mending udan watu neng desane dewek ketimbang udan duit neng desane wong lia", mungkin artine dari pada urip seneng neng perantauan luih mending urip susah neng kampunge dewek, artie bisa beda-beda tergantung penafsirne sampean kabeh. 
             Salah sijine hal sing paling gawe wong rantau seneng kwe pas wayahe balik kampung biasa wong nyebute "mudik". Senajan awake kesel njagongi jok nyampe bokonge semuten ari wis weruh gerbang kota tegal kesele ilang kabeh sing di rasa laka maning selain seneng, utang-utange nyampe klalen kabeh. akhire bisa ngedek tanah kebanggaan  maning senajan dalane pada bolong-bolong kaya galeng tapi rasane mulus nemen kaya bokong bayi umur 1 taun, apapun ora enake keadaane sing dirasa tetep seneng karena kwe tanah kelahirane dewek, rasane wis ora sabar pengin jalan-jalan neng pur-in, guci, alun-alun lan lia-liane.

tempat sing ngilangna kesel

              Siji hal sing kudu dewek jaga lan lestarikna, dewek kabeh pada-pada menungsa bisa salah bisa bener, tapi saling menghormati kudu di utamakna, apa maning angger lagi neng tanahe wong (perantauan). "di mana tanah di pijak di situ langit di junjung" sing artine neng endi dewek ngedek lemah neng kono dewek njunjung langit, yen sampean uteke kendo ya mahamine angel, maksude kaya kiye bro... Neng endi bae sampean urip sampean kudu menghormati adat utawa aturan sing berlaku neng kono. Dadi, urip aja sakepenake boyoke dewek tok, urip rukun bisa kelakon neng ndi bae asal wong-wonge bisa saling menghormati. Wong ngasab olih ngendi bae yen mengikuti aturane, toh rejekeni wis ana sing ngatur sapa bae wonge bakal kebagian ora pan di kurangi ora pan di luwihi.
            Nggo sedulur-dulur wong tegal ngendi bae yuh jaga kerukunan karo sapa bae, jaga nama baik daerahe dewek, aja macem-macem, luruh rejeki ra susah sing aneh-aneh sing penting halal men bisa bermanfaat go awake dewek lan keluaga neng umah. Terus yen uripe wis kecukupan neng perantauan aja klalen balik kampung, bangun kampunge dewek, gedekna kampunge dewek, majukna kampunge dewek, angger udu dewek sapa maning?. Mungkin semono disit sedulur sing bisa tak bagikna kurang luwihe ya ngampurane, aku menungsa biasa kaya sampean kabeh pada bae mangan sega. billahi taufiq wal hidayah. wassalamu'alaikum.








                                                                                                cah ireng sing uteke kendo
                                                                                        
                                                                                            aghel