Suatu sore sing cerah si bapung pan
mangkat ngarit kyeh luruh suket neng sawah, ning tengah dalan arep mangkat
ketemu karo kanca mbelinge si madrudin,
terjadilah omongan sing ora penting seperti biasa, kepimen ceritane yuh
di deleng bareng-bareng :
Md : “pan
maring endi koen pung sore-sore kaya kiye gawa kantong
karo ngasah arit?”
bp : “eh
koen mad, pan ngapel kyeh,” karo ngasah
arite,
md : “ooh,
pan ngapeli sapa pung?” karo udek-udek kuping,
bp : “eeh
iya raimu, wis ngerti nggawa kantong karo arit esih takon
pan apa,” karo idu,
md : “hehe
ya ora pung arane apen-apen takon,” karo
nyengir,
bp : “ya
pan ngarit kyeh,” karo mlencasi tepese gedang,
md : “idih,
sih bocah ganteng kaya koen bisa ngarit pung”
bp : “ehh
maning-maning koen ngece mad, ya apal koh angger
nyong ora ngarit kaeh
wedus 40 pan pakani apa”, karo
ngirisna arite neng
tangane dewek,
md : “beres
wis,mbokan bocah gagah kaya koen bisane mung apdet
status tok ya pung, ya
wis lanjutkan,”
bp : “ya
wis iya karepe koen pan ngomong apa,” karo lunga maring
sawah,
10
menit kemudian si bapung wis rampung kweh ngarite, mereka berdua ketemu maning
ning dalan mau, yuh di deleng maning,
Md : “edan
pung koen ngarit cepet nemen kebeke...?” mendelik karo
geleng-geleng endase,
bp : “iya
mesti yah, aja salah koen,” karo manggul suket sa kantong
md : “beres
ah, ngarit neng endi pung?”
bp : “kwe
neng kono mbang kulon mad, neng sawahe kajine”
md : “ngandel wis nyong karo skil ngarite koen,”
bp : “biasa
bae lah mad,” karo nyengir-nyengir,
md : “kwe
isine suket kabeh pung?”
bp : “hehe,
udu mad”
md : “sih
apa pung???” mendelik penasaran
bp : “kwe
njerone kangkung kabeh, sukete neng nduwur toknggo
tutup, kangkunge kajine
tak babadi kabeh sa kotakan, koen aja
ngomong sapa-sapa ya, hehe”
nyengir kaya wong ra duwe dosa,
papate,
bp : “hehe,”
karo mabatin (“untung duwe kanca bloon kaya koen
mad ...“)
wisan...
by aghel
oke bos
BalasHapus