Wis dadi resikone wong terkenal kaya
bapung (bp) angger lagi neng tempat umum akeh sing pada kenal pada
ngaruh-ngaruhi, kaya waktu lagi ning terminal tegal pas repan ngater adine (ad)
mangkat maring jakarta. Yuh di deleng bae :
Wong : “wooy
... kang ...” undang-undang sing adohan,
ad : “mas,
kaeh ana sing ngundang,” karo narik
kolore bapung,
bp : “eh
ader le,endi?,”
ad : “kaeh
mas,” karo nuding nganggo jempol sikil,
bp : “eh
iya, di enteni le mbokan pan nain duit,”
wonge teka
terus salaman,
wong : “maaf
mas sampean marudin kan?” karo rongosan,
bp : “eh,udu
um, aku ari ...”
wong : “wah,
ari sapa ?,” karo kukur-kukur kelek,
bp : “ariel
NOAH um ...” karo nyegirna untu kuninge,
wong : “ooh,
ya wis mas, jaluk maafe mbokan sampean madrudin bakul wedus kancaku” karo ngambung tangane
dewek,
bp : “iya
ora papa ka um, hehe,” nyengir nyampe untune garing,
wong : “ya
wis mas, aku permisi disit ...” karo merad maning
bp : “iya
um monggo ...”
ad : “
EDAN KABEH ” ngelus dada,
wisan ...
by aghel
0 komentar:
Posting Komentar