salah
siji ciri-cirine wong jakartanan selain balik kampung gawa duit akeh (jarene)
juga biasane tampilane manglingi, sing wadon tambah ayu sing lanang tambah
gagah, pengecualian nggo bapung (bp), senajan wis jakartanan puluhan taun tapi
perawakane esih ndeso bae, ceritane ketemu batir sing namane madrudin (md) terjadilah
pembicaraan. Yuh dideleng bareng :
md : “eh
pung balik kapan?” karo nyengir,
bp : “eh
koen mad, balik wingi kye, pimen kabare koen?”
md : “alhamdulillah
sehat pung, koen sih?”
bp : “ya
sukur, nyong ya waras-waras bae kyeh,”
md : “koen
tak sawang-sawang bisane esih ireng bae pung”
bp : “raimu
ari takon sadis temen mad” karo mendelik,
md : “hehe,
ya ora ka pung, kye tah arane takon,” karo nyengir
bp : “ya
laka takonan liane apa,”
md : “soalen
deleng liane sing jakartanan balik gadi pada gagah-
gagah koh,”
bp : “sih
nyong ra gagah mad ?,”
md : “haha
mbokan ente ngrasane gagah ya rapapa ka pung,”
bp : “ngenyek
koen mad,”
md : “haha,”
bp : “senajan
nyong ireng tapi sing naksir akeh mad, apa maning
ari nyong putih...” ekhim ” ente aja salah,”
md : “izz...
iya ding pung, ente mantane akeh yah,”
bp : “ya,mesti”
md : “iya
yah, pira yah??,”
bp : “
14 mad, mbokan ente pengin ngerti,” karo nepuk-nepuk dada
nganti ambeg/watuk “uhuk...uhuk...”
md : “edan
ah, kwe wong kabeh pung??,” karo ngeleg idu,
bp : “sing
4 ketek, 5 ne wong rabun, turahe wong setres,!!!”
md : “mantep
... !!” karo ngacungna jempol 4 sikil-sikile napa,
bp : “
jiancuk ” karo merad
wisan ... (edan kabeh)
0 komentar:
Posting Komentar